26/02/22

Contoh Sambutan Panitia Pengajian Isra' Mi'raj dan Maulid Nabi Bahasa Jawa

 السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِى آدَمَ بِالْعِلْمِ وَالأَعْمَلْ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ. وَعَلَى أَلِهِ وَالصَّحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى أَخِرِ الأَيَّامِ. (أَمَّا بَعْدُ)

  • Fadhilatal Muhtaromin, para ‘alim, para ‘ulama’, linangkung wonten pangarsanipun Al-Mukarom Bopo KH. ………………. ingkang kito antu-antu barokah ilmu-nipun.
  • Sesepuh, pini sepuh, dalah kasepuhan Desa ……………. ingkang dahat kinabekten.
  • Pangarsanipun bopo Kepala Desa ……………….., soho sedoyo janjang krawat-ipun ingkang tansah kito takdzimi.
  • Ketua takmir, pengurus, ugi sedoyo jamaah masjid ………….. ingkang kinurmatan.
  • Hadirin-hadirot, poro tamu undangan, kakung sumawono putri, kaum muslimin-muslimat rohimakumulloh.
  • Mboten kesupen dumatheng santriwan lan santriwati Masjid ………….. ingkang kawulo tresnani.

sambutan panitia pengajian

Murwakani atur, langkung rumiyin sumonggo kito tansah muji syukur wonten ngarso dalem Gusti Ingkang Maha Mirah (Allah SWT), ingkang sampun paring katah kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun kenikmatan; kito saget makempal wonten majlis meniko; sak perlu nderek ngaos lan mengeti Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW tanpo manggihi aral setunggal punopo. Pramilo monggo raos syukur meniko kito ikror-aken kanthi maos kalimat tahmid sesarengan: Alhamdulillahirabbil ‘alamin.

Sholawat serto salam, mugi tansah konjuk dumateng kanjeng Nabi Agung Muhammad Saw., ingkang kita tenggo syafaat-ipun benjang wonten yaumil qiyamah. Amiin.

Para hadirin, kaum muslimin; ingkang kawulo hormati, 
Keparengo, kulo jumeneng wonten mriki; aminangkani talanging atur rencang-rencang panita Peringatan Hari Besar Islam Masjid………..

Sepindah ngaturaken: sugeng rawuh (ahlan wasahlan bikhudzurikum) mugi-mugi niat sae panjenengan ingkang sampun kerso angrawuhi undangan panitia, pikantuk ridho ugi ganjaran ingkang ageng saking ngarso dalem Allah SWT.

Kaping kalih-ipun, kawulo aturaken agunging panuwun dumateng sedoyo warga lan rencang-rencang panita; ingkang sampun paring pambiantu awujud punopo kemawon, sehinggo Pengaosan Isra’ Mi’raj ing ndalu meniko saget kaleksanan kanthi sae.

Ingkang ongko tigo, kawulo minangkani wakil saking panitia, nyuwun agunging pangapunten; mboten saget manggihi para rawuh setunggal mbopo setunggal, ugi mboten saget caos papan palenggahan lan uborampe ingkang setraju kalian kalenggahan para rawuh sedoyo. sepindah malih kulo nyuwun agunging pangapunten.

Ingkang pungkasan, sumonggo kita sareng-sareng ngaos, midangetaken tausiyah saking bopo kyai ……………..,. Mugi-mugi sarono ngaos ing ndalu meniko, saget dados lantaran tumuruning hidayah; sansoyo tambah iman lan taqwa kita dumateng Allah Swt. Amiin 

Saking kawula cekap semanten, sedoyo kekhilafan lan kalepatan kawula nyuwun agunging pangapunten, kawula akhiri.

وَاللهُ الْمُوَفِّقِ إِلَى أَقْوَامِ الطَّرِيْقِ

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

!Download teks sambutan panita pengajian disini

Silahkan tuliskan komentar yang sesuai dengan topik postingan halaman ini. Komentar yang berisi tautan tidak akan ditampilkan sebelum disetujui.
EmoticonEmoticon